Archive for August, 2008

‘Ayat-ayat Cinta’ Kandas

Sunday, August 24th, 2008

Ayat-ayat Cinta siji iki beda karo Ayat-ayat Cinta-ne (AAC) Habiburrahman El-Shirazy sing saiki wis di filmake. Iya dudu judul lagune Rosa. Nanging iki AAC versi nelayan Tambak Wedi, sekitar Jembatan Suramadu.

Wis lumrahe rakyat Indonesia, yen wayahe peringatan HUT RI padha gelar perlombaan maneka warna. Termasuk para nelayan ing kawasan Tambak Wedi, Kenjeran lan daerah liyane ing pesisir Pantai Timur Surabaya (Pamurbaya).

Dek dina Minggu (17/8) puluhan nelayan melu lomba perau layar. Ora mung banter-banteran lakune. Nangin uga ngutamake kaendahan perau layare. Mangkane akeh nelayan sing menghias layar peraune. Termasuk kaya sing kapacak ana foto ing dhuwur, layare ditulisi Ayat-ayat Cinta.

Nanging, Sabtu (16/8) awan, perau AAC iku kandas nalikane isih uji coba. Nyangkut wit bakau, sakulone Jembatan Suramadu. Kru-ne nganti adus kringet nyingkirake bakau sing ngalang-ngalangi perau. Nuwun

     

Golek Kupang

Thursday, August 14th, 2008

                                                          Sedulur ing tlatah Sidoarjo sisih wetan iki, tepate Desa Balongdowo, Kecamatan Candi, katon sengkut olehe nyambut gawe ngumbah kupang.

Hawa panas ora dirasakake. Sing penting kendile ana omah ora kutah. Bocah-bocah padha iso sekolah, tanpa njagakake subsidi saka pamerintah.

Deweke yakin, yen pangupayane kanthi ngolah hasil laut iku minangka cara Gusti Kang Murbeng Jagad maringi rezeki. Mula, yen nyedaki Ramadhan kaya saiki, biasane para kadang nelayan iki siap-siap nggelar syukuran ing pinggiring pesisir.

Syukuran iki minangka ucaping syukur marang Sang Maha Murah lan Maha Adil. Maneka warna asil laut lan bumi, arupa tumpeng kinepung kanthi dedonga muga-muga Gusti tansah pinaring rezeki ing dina-dina sateruse. Sanadyan Kang Maha Agung nembe nyoba kaimanane warga kanthi paring ‘hadiah’ Lumpur Lapindo.

Sederek sing daleme ana sekitar Sidoarjo, yen pingin mangerteni tradisi syukurane warga Banglongdowo, mangga mirsani. Ora ana larangan kanggo wong liyan desa. Malah jarene pinisepuh, syukuran iku bengine isih disambung karo pentas seni. Biasane Ludruk dadi pilihane. Nuwun.

Tumetes

Friday, August 1st, 2008

Tumetes Sajroning Tulisan. Pambukane sakabeh tindak tanduk manungsa. Rina nganti wengi. Lair nganti mati. Enom nganti Tuwek. Kuno nganti modern.

Iki yo mung pambuka. Supaya terus tumetes manfaate, nganti pungkasane urip. Sabanjure ….isih ana angen-angen (yen ora ngerti aja dipikir). Dilakoni wae.