Archive for August 14th, 2008

Golek Kupang

Thursday, August 14th, 2008

                                                          Sedulur ing tlatah Sidoarjo sisih wetan iki, tepate Desa Balongdowo, Kecamatan Candi, katon sengkut olehe nyambut gawe ngumbah kupang.

Hawa panas ora dirasakake. Sing penting kendile ana omah ora kutah. Bocah-bocah padha iso sekolah, tanpa njagakake subsidi saka pamerintah.

Deweke yakin, yen pangupayane kanthi ngolah hasil laut iku minangka cara Gusti Kang Murbeng Jagad maringi rezeki. Mula, yen nyedaki Ramadhan kaya saiki, biasane para kadang nelayan iki siap-siap nggelar syukuran ing pinggiring pesisir.

Syukuran iki minangka ucaping syukur marang Sang Maha Murah lan Maha Adil. Maneka warna asil laut lan bumi, arupa tumpeng kinepung kanthi dedonga muga-muga Gusti tansah pinaring rezeki ing dina-dina sateruse. Sanadyan Kang Maha Agung nembe nyoba kaimanane warga kanthi paring ‘hadiah’ Lumpur Lapindo.

Sederek sing daleme ana sekitar Sidoarjo, yen pingin mangerteni tradisi syukurane warga Banglongdowo, mangga mirsani. Ora ana larangan kanggo wong liyan desa. Malah jarene pinisepuh, syukuran iku bengine isih disambung karo pentas seni. Biasane Ludruk dadi pilihane. Nuwun.