‘Ayat-ayat Cinta’ Kandas
Sunday, August 24th, 2008
Ayat-ayat Cinta siji iki beda karo Ayat-ayat Cinta-ne (AAC) Habiburrahman El-Shirazy sing saiki wis di filmake. Iya dudu judul lagune Rosa. Nanging iki AAC versi nelayan Tambak Wedi, sekitar Jembatan Suramadu.
Wis lumrahe rakyat Indonesia, yen wayahe peringatan HUT RI padha gelar perlombaan maneka warna. Termasuk para nelayan ing kawasan Tambak Wedi, Kenjeran lan daerah liyane ing pesisir Pantai Timur Surabaya (Pamurbaya).
Dek dina Minggu (17/8) puluhan nelayan melu lomba perau layar. Ora mung banter-banteran lakune. Nangin uga ngutamake kaendahan perau layare. Mangkane akeh nelayan sing menghias layar peraune. Termasuk kaya sing kapacak ana foto ing dhuwur, layare ditulisi Ayat-ayat Cinta.
Nanging, Sabtu (16/8) awan, perau AAC iku kandas nalikane isih uji coba. Nyangkut wit bakau, sakulone Jembatan Suramadu. Kru-ne nganti adus kringet nyingkirake bakau sing ngalang-ngalangi perau. Nuwun