Archive for September 12th, 2008

Barokahe Iwak ‘Bulu Ayam’

Friday, September 12th, 2008

Sasi Pasa taun iki, kanggone para nelayan Cumpat, Kecamatan Bulak (lore Pantai Kenjeran), Surabaya,  istimewa banget. Saliyane isa ngibadah  khusuk, asile tangkapan ya ora kurang. Isa kanggo sangu Lebaran jarene. 

“Asile lumayan mas,” ujare Jaenal, 56, nelayan Cumpat, Selasa (9/9) sinambi nglumpukake iwak sing nyantol jaring.

Miturut Jaenal, saiki para nelayan Cumpat lagi panen iwak mambang utawa kasebut iwak ‘bulu ayam’. Wujude putih, resik. Gedene mung rong driji, kaya sing kapacak ana foto duwur.

Iwak jenis iki per kilone mung diaji Rp 6.000 nganti Rp 7.000 kondisi basah utawa mentas saka laut. Yen wis garing alias dadi iwak asin, regane rada kacek. “Nanging masiya seger dimasak langsung rasane ya enak,” saute kadang nelayan liyane.

Saliyane, iwak mambang, hasil laut sing isa digawa mulih para nelayan yaiku urang sing gedhene sak jempol tangan, rajungan uga maneka warna kerang lan terung. Nuwun