Archive for September 16th, 2008

Orderan Mundak Akeh

Tuesday, September 16th, 2008

“Order tambah akeh, dua kali lipat.” Mengkana ujare Anas, salah sijine karyawan toko Lestari,  pusat oleh-oleh kas Kenjeran ing Jl Pantai Kenjeran, Selasa (16/9).

Order akeh iki amarga Lebaran wis cedak. Utamane krupuk kentang kang dibumbu udang.

 

Krupuk jenis iki yen wis digoreng regane Rp 14.000 per kilo gram. “Sing akeh malah pesenan partai besar. Permintaan eceran ya wis lumayan,” ujare Anas, sinambi goreng krupuk kentang rasa udang.

 

Panganan siji iki pancen pantes yen kanggo hidangan Lebaran. Saliyane rasane sing gurih, bentuke ya mriyayeni. Ora pati gede, tipis tur reyah. Mirip emping melinjo.

 

Saliyane krupuk kentang, maneka warna olahan hasil laut ya dicocok kanggo  hidangan Lebaran. Kaya ta krupuk terung, kerupuk kupang lan kerupuk kulit iwak. Olahan jenis iki gampang banget ditemoni sadawane dalan arah pantai lama Kenjeran, Suroboyo.

 

Regane? Ora bakal nguras kantong. Nanging yen wis ana duwur meja, kanggo suguhan, sapa wae tamu sing teka bakal kesengsem. Pengin nyoba, sumangga tindak Kenjeran sinampi rekreasi.

 

Lan sing penting maneh, yen penjenangan gelem ‘mundut’ olahan laut nelayan kenjeran, berarti wis kersa bantu ngangkat derajate pelaku usaha kecil ing pesisir Kuto Pahlawan kuwi. Nuwun