Lebaran Serba Lontong
Saturday, September 20th, 2008
Biasane nyedaki Lebaran utawa Idul Fitri, ibu-ibu padha bingung. Ora mung bingung masalah klambi anyar kanggo anake utawa sedekah kanggo sanak kadang. Nanging uga bingung nyiapake menu sing pas lan matuk ing dina Lebaran.
Kira-kira menu apa sing pantes yo? Kususe kanggo sederek sing ana ing Kutha Pahlawan, Surabaya. Sakjane Surabaya sugih kuliner. Maneka warna panganan kas cukup dikenal dening masyarakat.
Salah sijine panganan sing nganggo bahan dasar lontong. Kaya to lontong kupang (foto duwur), lontong balap, lontong kikil, longtong mi, lontong lodeh, lan lontong pecel. Pelengkape iso sate kerang utowo sate ayam plus krupuk lan sambel. Variasine iso rujak cingur, ombene es degan.
Saliyane kuwi ana tahu tek lan tahu campur. Rong jenis panganan iki uga migunakake lontong minangka sumber karbohidrat.
Tak kira menu ing duwur cukup prasaja yen disuguhake wayahe Lebaran. Apa maneh gawene gampang lan biayane murah. Yen ora sempat gawe dewe, isa tuku langsung ing pasar-pasar tradisional, kebeh wis cumepak.Kari ngracike, dadine ora ngganggu ibadah lan ora ribet. Nuwun.