36 Derajat Celcius ? Uih….
Monday, September 22nd, 2008Hawa ing Kutha Surabaya akhir-akhir iki panas banget. Utamane jam 11.00 WIB nganti jam 14.00 WIB. Rasane kulit kaya kobong lan getih umop. Miturut Prakirawan BMG Juanda Surabaya Rofiq Isamansur kaya sing dilangsir Harian Pagi Surya, panase hawa ing Kutha Pahlawan dina Senin (22/9) nganti 36 derajat celcius.
Apamaneh, kandane Rofiq, puncak panas nganti 37 derajat celcius. Kira-kira bakal kedadean ing akhir wulan ini. Mendah panase, iki cobane kaum muslim sing lagi nindakake siam.
Isih miturut Rofiq, panas iku amarga anane badai tropis Hagupit ing timur laut Philipina. Badai iki, 25 September, alon-alon terus geser arah Hanoi, Vietnam. Nanging hawa panas isih tetap krasa ing Bumi Nusantara.
Ngomong bab panas ing mangsa ketiga iki, efeke marang panguripan warga Kutho Surabaya, Ibukotane Jawa Timur, gegirisi banget. Meh benminggu ana omah kobong. Saben-saben suarane sirine mobil pemadam kebakaran keprungu, iso dipastekake ana omahe warga sing kobong. Mula becik para sedulur waspada, aja nganti ‘dolanan’ geni. Nuwun