Archive for September 28th, 2008

Sungkeman, Apa sing Diucapake ?

Sunday, September 28th, 2008

Wis dadi tradisine masyarakat Indonesia, kususe Jawa Tengah lan Jawa Etan, Lebaran rasane ora genep tanpa sungkeman.

Sak bubare salat Id (Idul Fitri) biasane sing enom banjur sowan marang priyayi sing luwih sepuh, kaya ta wong tuwane dewe, utawa sesepuhe keluarga, perlune arep sungkem njaluk ngapura.

Nangin nalikane sungkem, unen-unen dakik-dakik sing wis dienan sajroning ati malah ora bisa kawetu. Dadine ya mung meneng, karo ndekep tangane wong tuwane. Kadang-kadang malah mbrebes mili sakarepe dewe.

Malah ana sing nggeregetake. Sungkem wong tuwa, kaya salaman karo kancane dewe, tanpa unggah-ungguh, langsung nyerbu jajan neng duwur meja. Tur karo cekikak-cekikik. Kurangajar tenang. 

Terus unen-unen apa sing kirane gampang kaucapake nalikane sungkeman ? Lumrahe sing paling gampang ‘di luar kepala’ kira-kira unine mangkene.

Pak/Bu nyuwun ngapunten sedaya kalepatan kula.” Tembung iku wis cukup, singkat tur luwes. Wong tuwa krungu ya seneng. Dene yen isih bisa nguasani emosinya iso ditambah maneh. Misale; “…kula mbonten natos mirengaken pituture Bapak/Ibu.” Utawa ukara liyane sing miturut penjenengan luwih pas. Kayata ditambahi donga kanthi cara Islami.  

Yen wis ngana, banjur wong tuwa sumaur. Isa ditebak. Kira-kira jawabane  kaya mangkene. “Padha-padha le, wong tuwa ya akeh lupute, bapak/ibu ya njaluksepura. Tak dongakne muga-muga kowe dadi wong sukses.” Nuwun

 

       

  

Dodol Bengkoang, Ngontel Saka Kediri

Sunday, September 28th, 2008

Mudik Lebaran, kanggo sebagian warga pancen nyenengake. Nanging kanggone Paidi, warga Palemahan, Kediri, sing sabendina dodolan bengkoang ing Kebonsari Barat (Ngarep Masjid Al Akbar  Surabaya) ora mangkana. Deweke isa mulih yen dagangane wis gusis ora sisa. Yen isih akeh dewekne tetap pilih dodolan ing ibukotane Jawa Timur iki.

 

Minggu, jam 14.00 WIB, bengkoang oleh nggawa saka Kediri isih pirang-pirang ombyok (kaya kapacak ana ing foto). Saombyoke mung diregani patangewu rupiah ( Rp 4.000).

Kupat ya isih akeh. Malah liyane durung wujud kupat, isih janur. Biasane karo ngenteni warga sing tuku bengkoang, paidi ngenam janure ing trotoar, sangisore uwit. Yen wis dadi kupate banjur disimpen ing tas kresek.   

 

“Kula saking Kediri mbeta rong puluh (20) gombyok. Yen telas benjing enjing (Senen, esuk)  wangsul teng Kediri,” kandane Paidi.

 

Mulihe, Paidi ora numpak bis, kereta apa maneh taksi. Bapak sing wis ompong iku pilih ngontel sepeda untone. “Nggih luwih irit,” sumaure.

 

Lho ! Tekan Kediri ngontel ?  Paidi banjur nerusake ujar. Ngontele tekan Medaeng. Ing kana nuli nyegat trek sing balik mulih neng Kediri. “Trek sing teng Kediri kathah. Mangke mudun Papar, terus ngontel ngantos Palemahan,” kandane.

 

Pira ongkose? Paidi sing ngaku lali karo umure dewe kandha, yen ongkose mung Rp 6.000. Wuih pancen murah, masiyo ketampeg anging saka kiwa tengan. Nanging kanggone Paidi ora masalah, sing penting tekan omah lan bathine ora entek ing dalam. Anak bojo seneng.

 

Sugeng Riyadin Pak Paidi. Nuwun