36 Derajat Celcius ? Uih….
Hawa ing Kutha Surabaya akhir-akhir iki panas banget. Utamane jam 11.00 WIB nganti jam 14.00 WIB. Rasane kulit kaya kobong lan getih umop. Miturut Prakirawan BMG Juanda Surabaya Rofiq Isamansur kaya sing dilangsir Harian Pagi Surya, panase hawa ing Kutha Pahlawan dina Senin (22/9) nganti 36 derajat celcius.
Apamaneh, kandane Rofiq, puncak panas nganti 37 derajat celcius. Kira-kira bakal kedadean ing akhir wulan ini. Mendah panase, iki cobane kaum muslim sing lagi nindakake siam.
Isih miturut Rofiq, panas iku amarga anane badai tropis Hagupit ing timur laut Philipina. Badai iki, 25 September, alon-alon terus geser arah Hanoi, Vietnam. Nanging hawa panas isih tetap krasa ing Bumi Nusantara.
Ngomong bab panas ing mangsa ketiga iki, efeke marang panguripan warga Kutho Surabaya, Ibukotane Jawa Timur, gegirisi banget. Meh benminggu ana omah kobong. Saben-saben suarane sirine mobil pemadam kebakaran keprungu, iso dipastekake ana omahe warga sing kobong. Mula becik para sedulur waspada, aja nganti ‘dolanan’ geni. Nuwun
September 22nd, 2008 at 10:18 pm
… sing dilangsir Harian Pagi Surya => Dilangsir? Sepur to, kok dilangsir? Kikikikik.
September 22nd, 2008 at 10:30 pm
waspodo waspodo lan waspodo
September 23rd, 2008 at 12:10 am
LANGSIR WENGI
Sepi durung biso nendro
Kagodho mring wewayang
Kang ngreridhu ati
Kawitane
Mung sembrono njur kulino
Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno
Nanging duh tibane aku dewe kang nemahi
Nandang bronto
Kadung loro
Sambat-sambat sopo
Rino wengi
Sing tak puji ojo lali
Janjine mugo biso tak ugemi
October 21st, 2008 at 11:59 pm
He..he..aku butuh syair lagu-lagu kaya ngana iku mas. Muga-muga ana sing ngirimi maneh.
November 17th, 2008 at 3:01 am
Casino 492140700e…
Casino 492140700e…