Archive for October, 2008

Iwak ‘Bethet’ Biru

Tuesday, October 28th, 2008

Iwak kok rupane biru ? Mangkana pitakonane salah siji pengunjung Tempat Pelelangan Ikan (TPI) Kalang Anyar, Kecamatan Sedati, Sidoarjo, katon gumun.

“Jenenge iwak bethet. Niki rasane eco. Cocoke dibakar,” saute bakule karo nudingi iwak mau, Minggu (27/10).

Iwak bethet wujude kaya kakap lan gurami. Nanging sing bedakake warnane, biru. Iwak iki asil tangkepane nelayan ing pesisir Sidoarjo.

Saliyane iwak bethet, ana jenis liyane sing dadi daya tarike TPI. Yaiku iwak hiu polos, sing gedhene mung sak lengen. Jarene, ora mung siripe sing diarah, nanging daginge ya enak. Upamane dibakar utawa disate.

Regane iwak hiu jenis iki lumayan larang. Perkilograme ditawakake Rp 20.000. “Niki daginge katah mas, tur rasane nggih enak, ” kandhane bakule.

Wah, pancen nyenengake yen mlaku-mlaku neng TPI. Utamane pas dina minggu. Sing blanja akeh banget. Aret tuku petis ana, tuku kerang kulitan lan oncekkan ya wis cemepak. “Mriki yen minggu pancen rame,” kandhane Sutikno, bakul iwak patin. 

Tuku tuna, kerapu, dorang, bandeng, patin lan udang ya kari milih. Mung nari sangune wae. Sing seneng kepiting, rajungan lan cumi-cumi ora perlu kawatir. 

Malahan yen pengin didhahar neng kana, karo menikmati suasana kampung nelayan, ya isa. Persis ngarepe TPI ana warung sing siap ngolahake kewan-kewan laut mau. nuwun

NB:foto liyane kapacak ing Pages, Galeri Iwak Hiu

 

     

 

Mangsa Rendheng Teka

Tuesday, October 21st, 2008

Mendung ireng angendanu. Iku istilah sing paling trep lan pas kanggo nyebut kahanan dina Selasa sore, 21Oktober 2008. Nalika iku, jam 16.00 WIK (Wektu Indonesia Kulon) mendung ireng nutupi Kutha Pahlawan Surabaya dikanthi gerimis riwis-riwis lan angin rada banter. 

Yen jarene prakirawan Badan Meterologi dan Geofisika alias BMG, wujud mendung kaya ngana iku, ireng tur kandel, bisa nyebabake angin puting beliung. Ing basa ilmiahe awan mau kasebut cumulusnimbus utawa awan CB.

Iku tandane mangsa ketiga ganti mangsa rendheng utawa labuh. Artine hawa panas sing dirasakake warga wis sumingkir. Rong dina  (19/10/2008) kepungkur, hawa ing Surabaya tembus 37 derajat celcius. Saiki sethitik-sethitik wis mudhun.  

Biasane awaling mangsa rendheng, udan kapindo (2), muncul laron. Kewan gedhene mung sakbiting, getihe putih, nyempluk warnane soklat, duwe lar (sayap) papat. 

Ing karang padesan, laron diolah dadi panganan. Kayata bothok lan rempenyek. Rasane gurih lan kandungan proteine tinggi tur ora ngandut zat mbebayani. Kayata melamin, lan sapanunggalane.  

Ing Surabaya wis angel ditemokake olahan saka laron. Sanadyan kewan iki ya ana. Sing mesthi gampang ditemokake ing kutho iki ya mung banjir lan ambune sampah yen mangsa labuh teka.

Mulane yen wayahe udan teka, tetep akeh wong Surabaya sing sambat, amarga kebanjiran. Mangsa ketiga sambat panas.  Pancen manungsa.

Seje karo wong ndesa, yen wis labuh kaya ngene atine malah seneng. Amarga tegalan bisa ditanduri jagung, kacang lan pala pendhem liyane mulai njebul. Sing duwe sawah ya bisa nandur pari. Nuwun

Sketsa Rupaku

Monday, October 20th, 2008

Telung dina kepungkur, tepate Sabtu (18/10/2008), pas aku melu rapat kerja ing Mabes Margorejo Indah, tanpa kanyana-nyana dilungi kertas gambar dening kancaku. Kertas iku isine gambar coret tangan nganggo pulpen.  

Wah, rasane bungah. Amarga gambar karyane sedulur Dodo HW iku sketsane wajahku. Mirip banget. Bisa kanggo kenang-kenangan anak putu. Termasuk kenang-kenangan karo si pelukise. ”Iki lho gambarku nalika enom (tapi kok wajahe tuwek) sing dilukis Pak Dodo,” mangkana grenenge atiku.   

Nanging wektu iku gambare kurang lengkap. Arsirane rambut lan wajah durung genep. Mula, sketsa mau dak lungake maneh marang dheweke supaya dilengkapi. Asile saya lumayan maneh, kaya kapacak ing duwur.

Mulane lewat tulisan iki, aku ngucap syukur lan matur nuwun marang sedulur Dodo HW. Muga-muga karya lukisane bisa dikenal dening masyarakat pencinta seni. Nuwun    

Lele Dumbo ‘Jumbo’

Monday, October 6th, 2008

Iwak lele sing kapacak ing foto sebelah gedhene ora lumrah. Bobote kira-kira pitung kilo gram. Dawane limang kilan, utawa meh sakmeter. Dene umure antarane rong taun luwih.

Lele jenis dumbo iku ingon-ingone sedulurku sing manggon ana dukuh Jelok, Kelurahan Bulukerto, Magetan.  Ora mung siji, nanging ana puluhan lele kang gedhene pada.

Pancen awale lele iku diingu kusus kanggo ngelayani pemancingan. Nanging ora kabeh didol. Sebagian tetep diingu supaya gede. Sing didol kango pemancingan rata-rata bobot pitung ons nganti sakilo.

Nate, lele iki digawa sajodo neng Purbalingga. Neng kolam anyar ing tlatah Jawa Tengah kuwi nuli dipijahake. Asile luar biasa, anake lele sing netes jumlahe ratusan ribu. “Ora mung sewu rong ewu. Anake nganti rongatus ewu,” kandane Mas Budi sing melu ‘ngevakuasi’ indukan lele iku, Sabtu (4/10/2008).

Masiya wis gedhe, iwak iki ingon-ingonane gampang tur ora setresan. Panganan apa wae, kususes sing amis-amis ora tau nolak. Biasane sisa dapur isa langsung diwenehake, kayata remukan iwak laut, limbah daging utawa balung sing dialusake. Luwih sehat maneh yen ditambah pelet (pakan instan) lan godong-godongan.

Liburan Lebaran dek emben, pas mulih Magetan, aku (penulis) lan kakangku saka Purbalingga entuk kalodangan ‘wisata’ nyekel iwak lele ‘raksasa’ iku. Nanging jebule angel banget. Serok (jaring) ora kuwat kanggo ngangkat, malah padha jebol kabeh.  Nuwun

 NB: foto liyane kapacak ing Pages, Galeri Foto Lele.