Lele Dumbo ‘Jumbo’

Iwak lele sing kapacak ing foto sebelah gedhene ora lumrah. Bobote kira-kira pitung kilo gram. Dawane limang kilan, utawa meh sakmeter. Dene umure antarane rong taun luwih.

Lele jenis dumbo iku ingon-ingone sedulurku sing manggon ana dukuh Jelok, Kelurahan Bulukerto, Magetan.  Ora mung siji, nanging ana puluhan lele kang gedhene pada.

Pancen awale lele iku diingu kusus kanggo ngelayani pemancingan. Nanging ora kabeh didol. Sebagian tetep diingu supaya gede. Sing didol kango pemancingan rata-rata bobot pitung ons nganti sakilo.

Nate, lele iki digawa sajodo neng Purbalingga. Neng kolam anyar ing tlatah Jawa Tengah kuwi nuli dipijahake. Asile luar biasa, anake lele sing netes jumlahe ratusan ribu. “Ora mung sewu rong ewu. Anake nganti rongatus ewu,” kandane Mas Budi sing melu ‘ngevakuasi’ indukan lele iku, Sabtu (4/10/2008).

Masiya wis gedhe, iwak iki ingon-ingonane gampang tur ora setresan. Panganan apa wae, kususes sing amis-amis ora tau nolak. Biasane sisa dapur isa langsung diwenehake, kayata remukan iwak laut, limbah daging utawa balung sing dialusake. Luwih sehat maneh yen ditambah pelet (pakan instan) lan godong-godongan.

Liburan Lebaran dek emben, pas mulih Magetan, aku (penulis) lan kakangku saka Purbalingga entuk kalodangan ‘wisata’ nyekel iwak lele ‘raksasa’ iku. Nanging jebule angel banget. Serok (jaring) ora kuwat kanggo ngangkat, malah padha jebol kabeh.  Nuwun

 NB: foto liyane kapacak ing Pages, Galeri Foto Lele.       

Tags: , ,



3 Responses to “Lele Dumbo ‘Jumbo’”

  1.   nothing Says:

    manteb lele ne..
    mbiyen..tonggo omah yo nduwe lele gede koyo ngono, loro, diingu nang kolam wis bertaun taun.
    trus kolame bocor, yo wis, di cekel di beleh.
    di goreng buat makan 7 orang cukup banget.

  2.   jun Says:

    Lele opo monster iku?I Kok gedhene koyo ngono?

  3.   lagiwae Says:

    Iki ngana boneka, pakde ! boneka lele. Aja lali sing butuh indukan leleklu bisa di ’silih.’

Leave a Reply