Mangsa Rendheng Teka
Mendung ireng angendanu. Iku istilah sing paling trep lan pas kanggo nyebut kahanan dina Selasa sore, 21Oktober 2008. Nalika iku, jam 16.00 WIK (Wektu Indonesia Kulon) mendung ireng nutupi Kutha Pahlawan Surabaya dikanthi gerimis riwis-riwis lan angin rada banter.
Yen jarene prakirawan Badan Meterologi dan Geofisika alias BMG, wujud mendung kaya ngana iku, ireng tur kandel, bisa nyebabake angin puting beliung. Ing basa ilmiahe awan mau kasebut cumulusnimbus utawa awan CB.
Iku tandane mangsa ketiga ganti mangsa rendheng utawa labuh. Artine hawa panas sing dirasakake warga wis sumingkir. Rong dina (19/10/2008) kepungkur, hawa ing Surabaya tembus 37 derajat celcius. Saiki sethitik-sethitik wis mudhun.
Biasane awaling mangsa rendheng, udan kapindo (2), muncul laron. Kewan gedhene mung sakbiting, getihe putih, nyempluk warnane soklat, duwe lar (sayap) papat.
Ing karang padesan, laron diolah dadi panganan. Kayata bothok lan rempenyek. Rasane gurih lan kandungan proteine tinggi tur ora ngandut zat mbebayani. Kayata melamin, lan sapanunggalane.
Ing Surabaya wis angel ditemokake olahan saka laron. Sanadyan kewan iki ya ana. Sing mesthi gampang ditemokake ing kutho iki ya mung banjir lan ambune sampah yen mangsa labuh teka.
Mulane yen wayahe udan teka, tetep akeh wong Surabaya sing sambat, amarga kebanjiran. Mangsa ketiga sambat panas. Pancen manungsa.
Seje karo wong ndesa, yen wis labuh kaya ngene atine malah seneng. Amarga tegalan bisa ditanduri jagung, kacang lan pala pendhem liyane mulai njebul. Sing duwe sawah ya bisa nandur pari. Nuwun

October 21st, 2008 at 8:20 pm
Rendeng opo rendheng, mas?!