Archive for November, 2008

Koleksi Bonggol Adenium

Wednesday, November 19th, 2008
DIPANGKU - Adenium ing dhuwur sebagian bonggole kaya dipangku. Iki salah sijine koleksi kembangku sing pange nembe wae tak kethok supaya cabange thukul luwih akeh, Minggu (16/11/2008).

Adenium ing dhuwur sebagian bonggole kaya dipangku. Iki salah sijine koleksi kembangku sing pang-pange nembe wae tak kethok supaya cabange thukul luwih akeh, Minggu (16/11/2008). Foto-foto liyane isa dideleng neng Pages; Galeri Adenium.

Petani Kutha Nandur Lombok

Thursday, November 13th, 2008

Petani ing perkotaan ora gelem kalah karo petani ing desa. Musim udan, petani perkotaan padha mulai deder winih. Kaya kapacak ing foto ndhuwur kuwi. Mbokde asal Babatan Wiyung iki, katon sengkut olehe dangir tegalan ing kawasan kampus Unesa, Lidah Wetan. Tegalan iku ditanduri lombok belis (lombok cilik). Kira-kira sakwulan setengah maneh lombok-lombok kuwi wis padha uwoh. Mendah senenge si mbokde yen wayahe panen. Apa maneh pas regane larang tur lomboke pedes-pedes, ora dipangan ama. Nuwun 

Manalagi Super

Sunday, November 9th, 2008

Musim pelem ing kampungku, Jelok, Bulukerto, Magetan, ana sing istimewa. Taun iki uwohe akeh banget utawa dompyokan. Termasuk pelem manalagi.

Nanging manalagi siji iki, beda karo manalagi sing biasane, sing gedene mung sakepel. Manalagi saka Jelok iki luwih gede. Siji bobote iso sekilo (kaya kapacak ing foto, sing tengah. Kiwa pelem gadung lan tengen manalagi biasane).

Rasane luwih enak lan luwih legi. Dagingi iyo luwi alus tinimbang manalagi liyane. Kulite tipis tur ambune arum. Wong Jawa Etan biasane ngarani pelem iki manalagi lambawi. Yen mateng kulite tetep ijo.

Nanging kelemahane pelem iki, bentuke ora padha. Sak wit ana sing uwohw bentuke lurus tur gede-gede. Nangin ya ana sing mlungker mung sakepel. 

Ing keluargaku pelem iki termasuk istimewa. Lagi uwoh, sing mesen wis akeh banget. Malah yen sedulurku teka mesti sing dijujuk pelem iki. Sanadyan pelem liyane ya padha nguwoh, kayata gadung, bapang (kulite rada abang), kweni utawa peni, isih ana jenis liyane sing aneh, kaya santok lan sapanunggalane.

Aku dewe ya melu pesen yen wis uwoh. Sanadyan pas ngunduh akhire ya mung keduman telu amarga didum, termasuk sedulurku ing Purbalingga, Jawa Tengah ya keduman. Nanging lumayan isa kanggo tombo pingin lan kangen marang kampungku. nuwun