Manalagi Super

Musim pelem ing kampungku, Jelok, Bulukerto, Magetan, ana sing istimewa. Taun iki uwohe akeh banget utawa dompyokan. Termasuk pelem manalagi.

Nanging manalagi siji iki, beda karo manalagi sing biasane, sing gedene mung sakepel. Manalagi saka Jelok iki luwih gede. Siji bobote iso sekilo (kaya kapacak ing foto, sing tengah. Kiwa pelem gadung lan tengen manalagi biasane).

Rasane luwih enak lan luwih legi. Dagingi iyo luwi alus tinimbang manalagi liyane. Kulite tipis tur ambune arum. Wong Jawa Etan biasane ngarani pelem iki manalagi lambawi. Yen mateng kulite tetep ijo.

Nanging kelemahane pelem iki, bentuke ora padha. Sak wit ana sing uwohw bentuke lurus tur gede-gede. Nangin ya ana sing mlungker mung sakepel. 

Ing keluargaku pelem iki termasuk istimewa. Lagi uwoh, sing mesen wis akeh banget. Malah yen sedulurku teka mesti sing dijujuk pelem iki. Sanadyan pelem liyane ya padha nguwoh, kayata gadung, bapang (kulite rada abang), kweni utawa peni, isih ana jenis liyane sing aneh, kaya santok lan sapanunggalane.

Aku dewe ya melu pesen yen wis uwoh. Sanadyan pas ngunduh akhire ya mung keduman telu amarga didum, termasuk sedulurku ing Purbalingga, Jawa Tengah ya keduman. Nanging lumayan isa kanggo tombo pingin lan kangen marang kampungku. nuwun

Tags: ,



3 Responses to “Manalagi Super”

  1.   junianto Says:

    Wah, aku ikut pesen juga, dong ! (tulung diterjemahke menyang boso Jowo. Aku ra ngerti basa Jawa-ne ‘dong’ opo).

  2.   nothing Says:

    mungkin sudah seharusnya di ekspor :)

  3.   lagiwae Says:

    Kanggo pak junianto:
    Kira-kira boso jawane ngene ‘wah, aku melu pesen ya!’

Leave a Reply