Petani Kutha Nandur Lombok

Petani ing perkotaan ora gelem kalah karo petani ing desa. Musim udan, petani perkotaan padha mulai deder winih. Kaya kapacak ing foto ndhuwur kuwi. Mbokde asal Babatan Wiyung iki, katon sengkut olehe dangir tegalan ing kawasan kampus Unesa, Lidah Wetan. Tegalan iku ditanduri lombok belis (lombok cilik). Kira-kira sakwulan setengah maneh lombok-lombok kuwi wis padha uwoh. Mendah senenge si mbokde yen wayahe panen. Apa maneh pas regane larang tur lomboke pedes-pedes, ora dipangan ama. Nuwun 

Tags: ,



2 Responses to “Petani Kutha Nandur Lombok”

  1.   junianto Says:

    Aja-aja sing ditandur mbokdhe (dudu mbokde) kuwi ganja, mas tumetes?!

  2.   Joko HN Says:

    Tabek bos, kalah ilmu karo wong Surakarta Hadiningrat.

Leave a Reply