Ucaping Tembung

AKU mijil ing  sangisore Gunung Lawu,  Magetan, 33 taun kepungkur (saka tahun 2008).  Diwenehi tetenger Joko. Amarga laire pas dina sing becik, samburine Joko ditambahi Hari Nugroho.

Nanging saiki aku golek upa neng Kutho Suroboyo. Dadi buruh ing pabrik.

Siji semboyanku ‘tumetes’. Pakaryan apa wae kudu tumetes, mbuh kuwi rejekine utawa dongane. Apa maneh sedekahe. Supaya manfaat kanggo urip bebrayan ing donya. Puji syukur kanggo Gusti Allah, amarga ‘tumetes’ aku isih bisa ngisi catetan urip.