Galeri Foto Lele
KASIL - Aku kasil nyeser lele sing ukurane lumayan gede. Nanging rajutane suwek kabeh, akhire iwake jeblok maneh neng kolam.
LUMAYAN- Aku kasil nyekel lele, nanging ukurane rada cilik. Lumayan tinimbang ora entuk blas.
GUMUN - Bocah-bocah sing nonton padha gumun. Iwak kok gede banget ya… Yen dipecel lele piringe sepira ambane.
BUNGAH - Yen iki kakangku lagi nyekel lele paling gede. Sing luwih gede maneh isih ana nanging ora kecekel.
NYEDIT - Aku nalikane gogo iwak. Masiya nganti nyedit tetep ora isa nyekel, merga luyu banget lan banyune isih akeh.
FOTO-FOTO: Umine Aisyah, Sabtu, 4 Oktober 2008.
