Galeri Iwak Hiu
JARENE ENAK - Iwak hiu ora mung siripe sing iso diolah, nanging dagingi jebule ya enak. Dibakar rasane malah sip. Hem…kapan iso ngrasakake !
PAMER - Bakul iwak TPI Kalang Anyar Sutikno pamer iwak patin seger. Sakilo regane Rp 14.000, sing tuku kemruyuk.
NGETUNG BATHI - Yen budhe siji iki lagi ngetung bathine dodolan kerang oncekan. Lumayan, sing tuku mbanyu mili, ora kendat. Artine kendil neng omah tetep mlumah.
IWAK ASIN - Ing TPI Kalang Anyar uga ana iwak asin maneka jenis iwak. Kari nari duwite, milih tuku sing endi. Sing tipis-tipis cilik, apa sing kandel tur amba.
FOTO-FOTO: Joko HN, 26 Oktober 2008
