Galeri Krupuk Kenjeran

RASA URANG - Saliyane dadi nelayan, sebagian warga Kenjeran uga akeh sing mbukak usaha krupuk kentang (kaya kapacak ing foto nduwur). Nanging krupuk kentang made in Kenjeran iki rasane beda karo krupuk kentang biasane, amarga dibumbone urang plus lombok. Dadine gurih rada pedes. Pas kanggo nyamikan.  

 

NGGORENG - Sedulur lanang siji iki lagi nggoreng krupuk kentang.  

 

 

 

 

MATENG - Krupuk kentang sing wis digoreng siap dikemas lan didol.

 

 

 

FOTO-FOTO: Joko HN, 16 September 2008