Geguritan
Kembang-kembang Adenium
Dening: Joko HN
Saben esuk, disawang
Yen awan cahyane srengenge ora kurang
Wayah sore, dielus-elus kembange
Ibo endahe ya urip iki
Wengi, cahyane lintang sumilat
Kembang-kembang adenium tambah eseme
Rasane kaya ngawe-awe, aja turu disik
Ayo ngeling-eling lelakon bebarengan.
Nanging raga wis ora kuat
Sedina muput mung bingung golek upa
Lali sapa sing nandur kembang
Lali sapa sejatine awake dewe
Nalikane terompet maut keprungu
Kembang-kembang adenium dadi layu
Luh tumetes saka mripat kang nyawang
Lan, ora ana sing bakal ngancani maneh.
——————————————-
Malem Ganjil
Dening: Joko HN
Kabeh padha manekung ing punjere urip
Embuh apa sing diucapke sajroning ati
Malem ganjil, sing dadi seksining alam
Aja selak apa kandane suara-suara
Pilih sugih apa mlarat, pilih luwe apa wareg,
Pilih sara apa mulya, pilih ayu apa elek
Pilih pangkat apa derajat, pilih mati apa urip
Pilih donya apa akerat,
Kabeh suara-suara keprungu ing langit
Ora ana kang bisa nutup-nutupi
Ora ana kang ngalang-alangi
Ora ana kang gandoli
Ngucapa, ngucapa, ngucapa
Jujura, jujura, jujura
Elinga, elinga, elinga
Sapa sira sejatine.
——————————————-
Geluduk Murka
Dening: Joko HN
Ora ngira, ing wayah wengi tanpa mendung,
Geluduk jumedar-jumeder gegilani
Lintang semburat saparan-paran,
Bulan singitan sawalike gunung
Iki tandane apa, iki tandane apa,
Sasi becik, kok ya ana mahluk murka
Ngudal-udal angkuh lan kadigdayane