Sungkeman, Apa sing Diucapake ?
September 28th, 2008 by lagiwaeWis dadi tradisine masyarakat Indonesia, kususe Jawa Tengah lan Jawa Etan, Lebaran rasane ora genep tanpa sungkeman.
Sak bubare salat Id (Idul Fitri) biasane sing enom banjur sowan marang priyayi sing luwih sepuh, kaya ta wong tuwane dewe, utawa sesepuhe keluarga, perlune arep sungkem njaluk ngapura.
Nangin nalikane sungkem, unen-unen dakik-dakik sing wis dienan sajroning ati malah ora bisa kawetu. Dadine ya mung meneng, karo ndekep tangane wong tuwane. Kadang-kadang malah mbrebes mili sakarepe dewe.
Malah ana sing nggeregetake. Sungkem wong tuwa, kaya salaman karo kancane dewe, tanpa unggah-ungguh, langsung nyerbu jajan neng duwur meja. Tur karo cekikak-cekikik. Kurangajar tenang.
Terus unen-unen apa sing kirane gampang kaucapake nalikane sungkeman ? Lumrahe sing paling gampang ‘di luar kepala’ kira-kira unine mangkene.
“Pak/Bu nyuwun ngapunten sedaya kalepatan kula.” Tembung iku wis cukup, singkat tur luwes. Wong tuwa krungu ya seneng. Dene yen isih bisa nguasani emosinya iso ditambah maneh. Misale; “…kula mbonten natos mirengaken pituture Bapak/Ibu.” Utawa ukara liyane sing miturut penjenengan luwih pas. Kayata ditambahi donga kanthi cara Islami.
Yen wis ngana, banjur wong tuwa sumaur. Isa ditebak. Kira-kira jawabane kaya mangkene. “Padha-padha le, wong tuwa ya akeh lupute, bapak/ibu ya njaluksepura. Tak dongakne muga-muga kowe dadi wong sukses.” Nuwun





